| sworo angin angin sing ngeridu ati |
| ngelingake sliramu sing tak tresnani |
| pingin nangis ngetoke eluh neng pipi |
| suwe ra weruh senadyan mung ono mimpi |
| ngalemo ngalem neng dadaku |
| tambanono roso kangen neng atiku |
| ngalemo ngalemo neng aku |
| ben ra adem kesiram udan ing dalu |
| banyu langit sing ono dhuwur khayangan |
| watu gedhe kalingan mendunge udan |
| telesono atine wong seng kasmaran |
| setyo janji seprene tansah kelingan |
| ademe gunung merapi purbo |
| melu krungu swaramu ngomongke opo |
| ademe gunung merapi purbo |
| sing ning langgran wonosari jogjakarta |
| janjine lungane ra nganti suwe-suwe |
| pamit esuk lungane ra nganti sore |
| janjine lungane ra nganti semene suwene |
| nganti kapan tak enteni sak tekane |
| udan gerimis telesono klambi iki |
| jroning dodo ben ra garing netep janji |
| ora lamis gedine nggonku nresnani |
| nganti kapan aku ora biso bali |
| ademe gunung merapi purbo |
| melu krungu swaramu ngomongke opo |
| ademe gunung merapi purbo |
| sing ning langgran wonosari jogjakarta |
| janjine lungane ra nganti suwe-suwe |
| pamit esuk lungane ra nganti sore |
| janjine lungane ra nganti semene suwene |
| nganti kapan tak enteni sak tekane |